Syair Fikih Dasar – Miftahul Ulum
  • Selamat datang di Masjid Miftahul Ulum Karangpakis Nusawungu Cilacap
Selasa, 13 Oktober 2026

Syair Fikih Dasar

Syair Fikih Dasar
Bagikan

Alhamdulilah Kito muji ing gusti Allah
Shalawat Salam mugo tetep ing rasulullah
Sa’wise wong islam kudu ngerti Carane
Anggone nglakoni ngibadah Sunah lan fardhu

Mugo mudiyo Sira kabeh golek’o ngilmu
Fikih Supoyo iso gawe slamet awakmu
Jalaran ngilmu Fikih iku ngilmu kang perlu
Kanggo ngelakoni ngibadahe Sunah lan Fardhu

Ya Allah Mugi Panjenengan paring karidon
Kito badhe ngertosi fikih saweg kawitan
Senajan kanthi Cara mawi bahasa Jawa
Namung mugiyo Allah paring Kemang Fangatan

Kabeh Wong islam kudu ngerti rukun kang limo
Serto ngerteni maring Kabeh Hukum kang Limo
Rukune Islam syahadat lan sholat lan zakat
Puoso lan Haji ing Mekah yen duwe ragad

Dene Arane Hukum Fardhu Sunnah lan Harom
Makruh lan Mubah iku kabeh hukume islam
Saben wong kang nglakoni shalat kudu sesuci
Sebab shalat ora ketompo anging uwis suci

Rupane ngilangi najis lan Adus lan Wudhu
Carane nindakake kanggo sucine banyu
Dene rupane banyu suci banyu kang metu
Songko langit lan Bumi tanpo najis kang telu

Mukhafafah, Mutawasitoh, dan Mugholadoh
Kabeh yen ngenani ndak suci mungguhe Allah

Fardhune wudu iku ono nenem wernane
Siji niat bareng nalika masuh raine

Loro masuh Rai Telu masuh sikute loro
Sahinggo tumekane masuh sikute loro

Ngusap setengah Sirah iku ping papate
Limo masuh sikil lan ento-ento lorone

Nomor kaping eneme iku arane tartib
Tegese Songko ngarep tekan mburi ra selip

Dene batale wudhu iku limo wernana
Siji barang kang metu songko qubul dubure

Loro turune wong kang ora tetep lungguhe
Telu ilang ngakale krono ono sebabe

Koyo mendem lan loro edan ayan rupane
Kabeh iku biso mbatalke maring wudhune

Papat senggolan lanang wadon kang da mahrome
Tanpo aling-aling antara lanang wadon

Nomor kaping Limone iku sebabe ndemek
Qubul utowo dubur klawan nggo epek – epek

Dene lamono siro wis Batal nggone wudhu
Siro harom ngelakoni perkoro kang telu

Siji harom sholat, Loro harom ndemek mushaf
Kaping telune siro harom nglakoni thowaf

SebelumnyaContoh Pos Tausiyah Dari Ustad Fulan
Miftahul Ulum
Dusun Karangpakis RT 04 RW 02 Desa Karangpakis Kec Nusawungu Kab Banyumas
Luas Area294,50 m2
Luas Bangunan84 m2
Status LokasiWakaf
Tahun Berdiri2015